di Indonesia banyak bahasa yang digunakan, mulai dari bahasa indonesia sendiri dan bahasa daerah contohnya, bahasa jawa, sunda, batak, madura, dll. Nah ,, bahasa itu dapat digunakan membuat pidato khas yang menggunakan bahasa daerah itu. kali ini saya akan memberi contoh sesorah atau pidato dengan bahasa jawa. tanpa basa-basi ini dia contohnya.
1. Sesorah Sumpah Pemuda
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni,
Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan,
sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula
panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha
welas asih ingkang tansah paring
nikmat saha rahmat satemah kula saha
panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten
ing pawiyatan kita menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng
wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah
Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28
Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah
satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih
bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji
bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air
satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu,
bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu,
bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha
panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem
mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata
tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi
jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha
sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan
Sumpah Pemuda. Pramila cekap semanten
kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun
agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
2. Sesorah wisudha kelas XII
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak
saha Ibu dwija ingkang satuhu
kinurmatan, para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan dalasan rayi kula kelas X
saha XI saha kanca-kanca kelas XII ingkang kula tresnani.
Puji syukur tansah
konjuk wonten ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan
ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah dhumateng kula
panjenengan sami. Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti ingkang hakarya
jagat kula panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal saperlu hangrawuhi
adicara ing kalenggahan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kadang kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani,
sekedhap malih kula sakanca kelas XII badhe nilaraken pawiyatan ing SMA Buana
menika. Awit saking menika mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan
sedherek sedaya wonten kalepatan saha kekhilafan ingkang sengaja punapa boten
kasengaja kula minangka sulihipun kanca-kanca nyuwun agunging pangapunten.
Wonten mriki kula paring pepeling dhateng rayi-rayi kula
sedaya mugi – mugi sasampunipun kula sakanca medal saking pawiyatan mriki rayi
kula kelas X saha XI sageda dados siswa
– siswi ingkang tansah mbangun turut
dhumateng Bapak saha Ibu dwija saha dados siswa ingkang pinter saha kreatif.
Rayi kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani, kula
tansah dedonga saha memuji mugi – mugi rayi kula ingkang taksih wonten ing
pawiyatan mriki tansah pinaringan pangayomanipun Allah SWT saha semanten ugi
kula nyuwun donga saha pangestu dhumateng para rayi kula mugi – mugi kula saged
nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang
badhe nyambut damel sageda tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan
ngelmi saha kesagedanipun piyambak – piyambak.
Wasana, semanten atur kula minangka sesulih saking
kanca-kanca kelas XII sedaya, mbok bilih
anggen kula matur wonten kalepatan, kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
3. Sesorah Tanggap Warsa Sekolah
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak
saha Ibu Dwija ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula
tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring
kanugrahan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sedaya, satemah ing
wekdal menika kula saha panjenengan sedaya saged kempal kanthi wilujeng nir ing
sambekala.
Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya
tanggap warsa SMA Buana ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan
saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging
panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala
sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih saged katindakaken sedaya
adicara pengetan ambal warsa pawiyatan kita menika. Kula ugi ngaturaken gunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng bapak saha ibu dwija sumrambah
karyawan ingkang lila legawa paring eguh pratikel murih pratitising adicara
punika. Boten kesupen kula ngaturaken agung panuwun dhumateng kanca-kanca
panitya tanggap warsa ingkang sampun paring pambiyantu supados adicara ing
kalenggahan menika saged kaleksanan.
Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu
bagya mulya.
Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan
menika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan menika. Wondene ancas ingkang
kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing
dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun kula panjenengan
sedaya mliginipun para siswa SMA Buana menika.
Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara
ing wekdal punika, lan mbok bilih anggen
kula matur kathah kalepatan kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
4. Sesorah Dinten Kamardikan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija
dalasan karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha
kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken
syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan
sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan
taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan
dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula
badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita
sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda.
Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan
tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat
Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan
rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti
saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha
mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang
sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.
Awit
saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit
kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara
jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang
lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah
putih. Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang,
balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17
Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha
panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah
SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.
Kula
kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten
kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun
agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
5. Sesorah Dinten Kartini
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu
dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang sinudarsana, sarta
kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula panjenengan sedaya sareng-sareng
ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha
mirah, inggih awit saking kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal
wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten kartini ing wekdal menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA
Negeri 11 Sembada saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Pengetan dinten
Kartini wigatos sanget tumrap kula saha panjenengan sedaya. R.A Kartini
ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa
Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita.
Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipun tindakaken R. A.
Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita
tresnani menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA
Negeri 11 Sembada sahakanca-kanca ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados
kodratipun wanita limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan
mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya
punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun
tumancep saha ngrembaka ing manahipun
wanita Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga para kadang putri sami saged
nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika.
Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jati
dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah
karya.
Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun,
mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih, saha asuh. Cekap semanten atur
kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
sumber: http://ohbaru.blogspot.com/

Out Of Topic Show Konversi KodeHide Konversi Kode Show EmoticonHide Emoticon