Cerkak- Pit Pitan

PIT-PITAN

          Ing sawijining dina, sore-sore adi lan doni dolan bareng. Adi duwe pikiran ngajak doni lan konco-konco liyane pit-pitan.
“don, ayo sesuk pit-pitan” jare adi
“pit-pitan neng ngendi? Nek muk mubeng-mubeng weee aku wegah” jawab e doni
“orang wiss, ngene waee, sesuk pit-pitan neng kaliurang. Piye? Gelem ora?” jaluk adi
“Oooo,, oke!! Mengko tak ngejak Banu karo Dani liyane” sahut e doni
          Esuk e adi, doni, banu, lan dani ne kabeh kumpul neng lapangan.
“Ayoo!! Gek mangkat, selak awan iki!!” panjaluke doni.
“sik, saiki mending neng masjid sikik, shubuhan sikik, jaluk donga marang gusti Allah men diparingin selamet, seko mangkat tekan bali” jawab e adi.
“Yo wiss,, nggih pak ustad!! Sahut e doni.
“hahahahahahahahaha...” guyu ne bocah-bocah sing liyane bareng.

Sakwise podo guyu, bocah-bocah kae mau, langsung menyang neng masjid. Sakwise sholat subuh, bocah-bocah langsung mangkat neng kaliurang nggunakakae pit. Jarak omah tekan kaliurang kira-kira 12 KM. Nanging jarak kang adoh orang nyurutke semangat bocah-bocah pit-pitan neng kaliurang. Bocah-bocah kae mau seneng, amarga pit-pitan bisa marai sehat lan ora gampang loro.
Neng perjalanan bocah-bocah podo omong-omongan.
“ehh.. ayo cah, mandeg sikik, kesel aku, dhalan e kok munggah terus e” sambat e doni.
“Ealahhhh... lagi semene wee wis kesel, piye tekan kaliurang, iki we durung ono setengah e lho” jawab e banu.
“Jenenge wae kaliurang, dadi kali karo urang, dadi yo neng dhuwur, dalan e munggah terus” jawab e dani ra cetho.
“Haaaa??” sahut e bocah-bocah bingung.
“Opo hubungane kali lan urang, karo dhalan sik munggah,, wealahh koe ki ngomong opo to ni!!” jawab e banu.
“wis-wis, iki malah do ngomong opo ngono lhoo??” sahut e adi.

          Sakwise do ngomong-omongan, bocah-bocah kae mau nglanjutke le pit-pitan. Sakwise tekan dhalan gedhe doni wedi.
“iki arep metu dhalan gede po?” takon e doni
“hoo lah, metu ngendi meneh?” jawab e banu cendhak.
“kok rame banget yooo” takon e doni meneh.
“jenenge dalan gede, yo mesti rame to yo don” jawab e dani gresula.
“nek kenopo-kenopo piye??” takon e doni wedi.
“Hushhh.. ojo mikir sik aneh-aneh, tujuan e awak dewe muk pit-pitan kok, mugo-mugo wae ora kenopo-kenopo”
“Yo wis lah,, yoo gek mlakuu, alon-alon waee yoo, dalan e rame banget” kanane doni sumelang.
“Iyoo iyo don” jawab e bocah-bocah bareng.
          Sakwise podo cangkriman, bocah-bocah langsung nglanjutke pit-pitan. Bandang tekan pakem, suasana ne mulai rame lan adem banget, bocah-bocah bandang podo nganggo jaket sing wis podo digowo.
“saiki adem yoo, koyo neng AC, tapi AC ne alami, seko alam” kandane dani.
“hahahahaha,, ho’o yo!! Ademm e, padahal wis nganggo jaket” jawab e adi.
          Sekitar jam 07.00 bocah-bocah kae mau wis tekan kaliurang. Pemandangan e apik tenan. Bandang bocah-bocah leren sedilit lan muter-muter delok pemandangan sing ono neng kono.
Sakwise puas mubeng-mubeng para bocah mau kesel, lan wis podo setuju arep bali. Neng dalan adi lan doni podo omong-omongan.
“penak banget yo di, neng kaliurang, mangkat e pancen kesel, neng tekan kono uaapikk tenan, saiki bali ne yo seneng, amarga dalan e medun terus, ora perlu medal” kandane doni marang adi.
“ho’o yoo, penak tenan” jawab e adi.


Sakwise kui, bocah-bocah wis tekan ngomah lan nglakokke kegiatan koyo biasane
Previous
This is the oldest page
Thanks for your comment